Thursday, September 22, 2011

ibu


oleh Jalma Qsik pada 23 septeber 2011

pandongane ibuku,iku sifat kandelku

gegamaning uripku,jroning sanubariku

tetesing kang waspomu,tondo tulus atimu

ingkang tansah lumintu,marang kanugrahan kang satuhu

marang putramu..........................

naliko biyen sangang sasi nang garbaneibu tansah sabar najan ra penak rasane

sak jroning roso ibu tresno mring putranembesuk yen lahir ojo nganti nglaleake

marang kang ibu kang wes nggulo wentah,wiwit seko bayi nganti gede jumangkah

mulo ngati-ati ojo podo mbantah,yen ibu nganti duko uripmu bakal susah

sopo kang wani mblenjani dawuhe ibu,opo maneh wani nglaleake kang ibu

bakal nompo doso sak jroning uripmu,keno murkaning Gusti kang wujud bebendu

ibarat jambu jenenge jambu mete,sirahe ono ngisor sikile nang nduwure

mulo podo mangertiyo ibu kuwi suargo,kang biso mujudake uripmu ning alam dunyo